Jumat, 26 Juni 2009

Pasrah Marang Ibu Kenya Maria
(S. Fransiskus saka Sales)

Dhuh Sang Kenya ingkang suci linangkung, Dèwi Maria Ibuning Allah, kawula .... (nyebut jenengé dhéwé), sanadyana boten pantes pisan-pisan ngabdi ing panjenengan dalem, ananging margi katarik ing sih kadarman dalem ingkang ngéram-éramaken punika, sarta saking kapiluyu kawula lumebat dados abdi dalem, sapunika mawi sinèksen Malaékat pamomong kawula, sarta para Minulya ing swarga, milih panjenengan dalem dados Ratu, Pangayoman lan Ibu kawula.

Kawula niyat terus ing manah badhé tansah ngabdi Paduka. Sakuwagang kawula inggih badhé mbudidaya, supados panjenengan dalem tansah dipun abdèni tiyang sadaya kanthi setya tuhu.

Milanipun, o Ibu ingkang ambek tresna, abdi dalem munjuk ngasih-asih, mugi karna rah Dalem Sang Kristus, ingkang sampun katuntasaken kanggé kawula, keparenga ing penggalih mundhut abdi dalem dados golonganing tetiyang ingkang panjenengan dalem ayomi, sarta wisudha dados abdi dalem ing salanggengipun.

Mugi karsaa tansah njangkung dhateng saparipolah kawula, sarta karsaa nyuwunaken sih, murih sasolah-tingkah kawula sampun pisan-pisan ngantos damel gerahing panggalih dalem, utawi Tyas Dalem Gusti ingkang mahasuci.

O Ibu, mugi kawula punika tansah panjenengan dalem panggalih, sampun ngantos wentala ngoncati abdi dalem ing wekdal ajal kawula. Amin.
That`s

Tidak ada komentar: